Ikrar Syawalan

08.32.00


Bismillaahirrahmaanirrakhiim.
Asyhadu an Laa Ilaaha illa allah
Wa asyhadu anna muhammad rasulullah
Kula sedaya, warga ageng SMA NEGERI 1 PANGGANG, saha sedaya ingkang lenggah ing papan menika, kanthi ikhlasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.
Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.
Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1440 Hijriah, kairing atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim
Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk, idining syarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.
Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita. Aamiin.
Alhamdulillaahi rabbil a’lamin.

Artikel Terkait

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »